Naskah Drama Bahasa Jawa Tegalan "Bawang Putih, Bawang Abang, lan Wit Emas"
Waktu jaman gemiyen, ning salah siji
desa ya kwe Desa Bumbu ana keluarga sing urip bahagia ya kwe keluargane bawang
putih. Tapi bapane bawang putih lagi ana tugas ning luar kota dadine bawang
putih urip neng umah mung karo ibune sing lagi mumet. Ning sisi liya ana
keluarga sing ora seneng karo keluargane bawang putih ya kwe keluargane bawang
abang. keluarga bawang abang ora seneng amarga keluargane putih bahagia terus
waloupun jarak misahna keluargane. Saben wayah esuk kaya biasane bawang putih
ngopeni ibune sing lagi mumet.
Bawang Putih : Enjing
bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung : Alhamdulillah
mendingan.
Bawang Putih : Napa
Ibu purun kula ndamelaken bubur?
Ibu Kandung : Iya anakku ...
Bawang Putih : Nggih bu, sakejap. Putih badhe ndamelaken bubur rumiyin.
Ibu Kandung : Iya
nak ...
Bawang putih lunga maring pawon arep nggawe bubur.
Sawise bubure wis dadi, bawang putih langsung manjing kamare ibune arep menehi
bubur.
Bawang Putih : Niki
bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung : Matur
nuwun anakku.
Bawang Putih : Enakkan
bu bubur ndamelanipun Putih?
Ibu Kandung : Inggih
nak, enak tenan.
Esuke bawang abang marani neng umahe bawang putih arep niliki karo nggawa
bubur nggo ibune bawang putih sing lagi mumet..
Bawang Merah : Assalamu’alaikum..
(kaliyan ngetuk pintu)
Bawang Putih : Wa’alaikum
salam, eh Bawang abang, mene
o manjing.
Bawang Merah : Iya,
Ibumu ana?
Bawang Putih : ana, kae lagi neng kamar.
Bawang Merah : Aku
arep ketemu Ibumu.
Bawang Putih : Iya mene tak daterkena..
*ning kamar*
Bawang Putih : Bu,
niki Bawang Merah badhe ketemu Ibu.
Bawang Merah : Nggih
bi ...
Ibu Kandung : Mriki
Merah, Putih lenggah
Bawang Merahlan BawangPutih : Nggih ...
Bawang Merah : Bu,
niki Merah Mbetoaken bubur ndamelanipun Ibu Merah.
Ibu Kandung : Repot-repot,
matur nuwun nggih. Bibi maem nggih?
Bawang Merah : Nggih
bi ...
Bawang Putih : Bu, kulo ijin ngumbahi rumiyin
nggih wonten kali? Assalamu’alaikum.
Ibu Kandung : Wa’alaikum
salam
lan Bawang
Merah
Sawise mangan bubur sing bawang
abang ujug-ujug ibune bawang putih ambekane sesek lan akhire ninggal. Tapi bawang abang langsung lunga ninggalna ibune
bawang putih sing lagi sekarat, terus langsung balik ngabari marang ibune
bawang abang.
Bawang Merah : Ibu ... Ibu ... Ibune Bawang Putih sampun nilar donya.
Ibu Tiri : Wah
tenanan? Kiye kabar sing paling nyenengake (kaliyan ngguyu). Akhire mati ...
Bawang Merah : hahahaha
...
Ibu Tiri : Ngko
tiliki ya, terus ethok-ethok nangis. Gole nangis sing bener kowen loh!
Bawang Merah : Sip oke bu ....
Wayahe
wis rada awan, terus bawang putih balik sing kali kas ngumbahi jarite ibune
sekalian jarite dewek.
Bawang Putih : Assalamu’alaikum, Ibu... Ibu, Putih wangsul bu
(meng kamar ibune). Astaghfirullah Ibu, Ibu kenging napa? Aja tinggalake Putih
bu ..
Bawang putih langsung keder lan panik, terus bawang putih langsung ngabari bapane
sing lagi kerja neng luar kota supaya balik maring umah.
Bawang Putih : Pak ..
Bapak cepet wangsul
Bapak : Wonten napa
sih Bawang Putih?
Bawang Putih : Niku
pak, Ibu ... Ibu sampun nilar.
Bapak : Innalillahi,
Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum ...
Bawang Putih : Wa’alaikum
salam ...
Sawise ditelpon bapane bawang putih langsung
balik neng umah...saanjoge neng umah bapane kaget terus manjing ning kamar arep
ngileng bojone sing wis ninggal..
Bapak : Putih, ibu
pundi?
Bawang Putih : (karo
nangis) Niku pak wonten kamar
Bapak : (nggletakna
cangkingane terus manjing kamar).
Ibu Tiri : Putih,
kito turut belasungkawa ya ...
Bawang Putih : Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah : (nangis)
lan Ibu Tiri
Sawise pirang wulan, akhire bapane bawang
putih nikah karo ibune bawang abang, terus bawang putih urip bareng karo bawang
abang lan ibu tirine.
Esuke
bapane bawang putih lunga arep tugas luar kota maning. Lungane bapane putih
nggawe ibune bawang abang karo bawang abang seneng amarga bisa nyiksa bawang
putih.
Bapak : Putih, dinten
niki Bapak ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan
Bawang Merah?
Bawang Putih : Nggih
pak, Putih ajeng rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang Merah dados mba’e
Putih.
Bawang Merah : Inggih pak kados niku ...
*ning ngarep lawang*
Bapak : yawis
anak-anakku tak tinggal rumiyin nggih... Assalamu’alaikum
Putih abang : Inggih pak,
wa’alaikumsalam..ati-ati pa..
*bapane wis
lunga*
Bawang Putih : Yuk,
masak barengbareng!
Bawang Merah : Hah, ra
salah krungu? Masak?ngapa aku melu masak, nggawe tanganku kotor bae, wis nganah
masak! (njorogna Bawang Putih).
Bawang putih maring pawon karo mikiri omongane bawang
abang. Sawise masakane dadi, bawang putih nyajikna panganane ning meja makan.
*ibu tiri, b. Abang ning meja makan*
Ibu Tiri : Iki
masakan apa? kok rasane asin (karo numplekna panganan meng rai Bawang Putih).
Ujug-ujug
bapane bawang putih teka balik maning neng umah, sing mau jarene arep tugas
luar kota.
Bapak : Assalamu’alaikum ...
Ibu Tiri : Bawang Putih sageh resiki kabeh sadurung
bapakmu ndeleng!
Bawang Putih : Nggih bu ...
Ibu Tiri : Awas kowe ya nek kowe wani ngadu meng bapakmu!
Bapak : Ana apa kiye
kok rungseb tenan?
Ibu Tiri : Iki
pak, Bawang Putih numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Ya kan Bawang
Putih?
Bawang Putih : Nggih
pak, Putih nyuwun ngapunten.
Bapak : Ya wis siki
resikna. Bapak arep ngaso sik ...
Ibu Tiri : Bapak
purun didamelaken kopi?
Bapak : Nggih bu ...
Sawise,
ibu tiri maring pawon arep nggawekna kopi nggo bapane bawang putih sing nembe
balik.
*meja makan*
Ibu Tiri : Niki
pak kopinipun.
Bapak : Matur nuwun
bu.
Esuke ibu tiri tutur maring bapane bawang
putih, jarene bawang putih kwe senenge nyante-nyante. Lah terus bapane bawang
putih langsung ngomongi bawang putih supaya nurut karo ibu tirine terus ora
olih nyante-nyante yen nyambut gawe.
Ibu Tiri : Pak,
niku Bawang Putih mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak : Ya wis, mangke
Bawang Putih tak omongi.
Bapak : Putih, mriki
kandani
Bawang Putih : Napa
pak?
Bapak : Jere ibu, kowe
nang umah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana Bapak?
Bawang Putih : (mukur
meneng)
Bapak : Deneng ra
njawab? Berarti omongane ibu bener ya?
Bawang Putih : (mukur
temungkul karo nangis)
Bapak : Putih!!!
(nyekel dada amarga penyakit jantunge kumat lan teras tiba).
Bawang Putih : Bapak
... Bapak kenging napa pak?
Ibu Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak? Kowe pengin Bapak cepet mati ya? Ya wis, sageh gawa Bapak
meng kamar?
Sawise
pirang wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapa sing mriyangan bae... nggal dina
ibune nyiapna obat, ning salah siji dina ibu nyiapna obat nanging obat asline
di ijoli karo obat sing liya. Kaya biasane bawang putih sing nekna obat meng
bapane sing ana ning kamar.
*manjing kamar*
Bawang Putih : Pak,
niki kula mbetoaken obat.
Bapak : Iya, matur
nuwun Putih.
Bawang Putih : Nggih
pak ...
Sawise nginung obat ujug-ujug bapane langsung lemes lan nggletak ora
ambekan. Teruse bawang putih langsung panik...
Bawang Putih : Pak,
Bapak kenging napa? Ibu, bawang abang mriki cepetan ...
Bawang Merah : Bapak,
Bapak kenging napa?
lan Ibu Tiri
Ibu Tiri : Putih,
kowe ngapakna Bapak?
Bawang Putih : Putih
mboten ngertos bu ... (karo nangis).
Sawise bapane dikubur, bawang putih urip dewekan sing isine siksaan sing
ibu tirine karo bawang abang, sing yen esuk-esuk senenge ngganyami.
Bawang Merah : Bu ...
Ibu ... klambiku kotor kabeh ki, wis ora ana sing bersih, ora ana sing ngumbahi apa bu?
Ibu Tiri : kowe
nangapa sih nduk? Isuk-isuk kok wis ngomel.
Bawang Merah : Ndelo ki
bu, klambiku kotor kabeh, mambu maning.
Ibu Tiri : Ndi
ndi! Ibu ndelo ... ih iya tenanan kotor
kabeh, klambine ibu ya kotor kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben Ibu sing ngongkon
Bawang Putih kon ngumbaih. Putih ... Putih ... meng ndi sih? Bawang Putih!
Bawang Putih : Nggih
bu, wonten napa?
Ibu Tiri : Suwe
tenan sih, di undang-undang ra nyaut.
Bawang Merah : Ra duwe
kuping mbok bu ...
Bawang Putih : Anu bu
... kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah....
alesan bae. Ndelo kiye, klambi pada kotor kabeh, ora ana sing bisa dinggo. Suwe-suwe ora nggo klambi.
Saiki kowe lunga meng kali gawa kalmbi iki lan ora usah kesuen (karo ngontalna
klambi kotor meng Bawang Putih).
Bawang Merah : Iki
kumbahi kabeh, awas nek ana sing rusak.... sing wangi, ra kesuen!
Sawise bawang putih njukuti klambi sing arep dikumbahi karo langsung meng
kali, anjog neng kali bawang putih ngumbahi klambi disambi nembang. Pas
ngumbahi ana iwak emas teka ngejak ngomong, sing atane nggawe bawang putih dadi
kaget.
*ning kali*
Iwak
: Heiii Bawang Putih, kowen ningapa bisane sedih?
Bawang Putih : Jajal nek wong
tuwaku esih ana, uripku mesti ora bakal nelangsa kaya kiye
(selendange dikumbahi). Saben dina
gon ngumbai akeh nemen.
Iwak : Melas temen kowen
bawang putih. Aja sedih, ana aku ikian.
Bawang Putih : pimen aku ora sedih, wong
aku gon ngumbai semene akehe, tapi gon gagianan. Soale akeh pekerjaan maning
neng ngumah.
Iwak : aku bisa
mbantu kowen, supaya kumbahane gelis bersih. Dalah bae klambi kue ning nduwure
watu.
(backsound = cling cling)
Bawang Putih : (njembreng2 klambi)
wah ajaib, klambine gadi bersih karo wangi. Makasih Iwak Mas.
Iwak Mas : Yen kowen butuh
bantuan, mene bae. Aku siap mbantu kowen kapan bae kowen butuh.
Bawang Putih : iya , iwak mas.
Makasih nemen. Aku balik disit ya, ko ganyami ibu karo bawang abang.
Sawise
ngumbahi bawang putih langsung balik neng umah, soale mengko ibu tirine
nggranyami nek balike kesuen. Walopun wis dikumbahna
tetep bae ibune seneng nggranyami bawang putih. Pas bawang putih nembe balik
ibune kesewoten soale neng meja makan laka panganan. Padahal esih kesel tapi
ibune ngongkon bawang putih blanja neng pasar, njaluke blanja pirang-pirang
nanging mein duite ora kira-kira...
Ibu Tiri : Bawang Putih!!!. (gebrak meja)
Bawang Putih
: dalem bu...
Ibu Tiri : Keh, duit go belanja. Keh catetane.
Bawang Putih
: (ndelengna catetan) maaf,
bu. Niki artone kirang kangge belanja.
Ibu Tiri : kue masalahe kowen!! Dudu masalahe
aku!! Sing penting yen kowen balik belanjaan sing ana ning catetan kudu ana
kabeh!!
Ning
dalan bawang putih kekederen mikir kiye arep kepime maning duit sing nggo
blanja mung ana semana tok, nanging ibune njaluke pirang-pirang... akhire
bawang putih lunga neng kali arep ketemu iwak emas sing mau...
Bawang Putih : iwak mas, iwak mas,...
Iwak Mas : Iya, bawang putih. Ana apa,..??
Bawang Putih : Aku lagi keder, aku di prentah ibu gon
belanja samene akehe, tapi duite ora cukup.
Iwak Mas : aja khawatir bawang putih, aku
bakalan bantu kowen. Saiki jukut bae sisik emase aku.
Bawang Putih : iya iwak mas.
(sawise
njukut sisik)
Bawang Putih : makasih ya iwak mas. Kowen wis mbantu aku.
Ora
dinyana iwak emas mau bisa ngetokna sisik emas, lah sisik emas mau dinggo
bawang putih nggo blanja keperluane ibu tirine neng pasar...
Sawise
balik sing pasar bawang abang karo ibune kekederen bisane bawang putih bisa
blanja pirang-pirang, padahal mau dimein duite mung semana tok... atane bawang
abang neliti kok bisa bawang putih blanja semana akehe...
Bawang Abang : heh , bawang putih. Duit sing
ngendi kowen. Nyolong oh ya..
Bawang Putih : astaghfirullah, ora bawang abang.
Bawang Abang : sih duit sing ngendi..???
Bawang Putih : alhamdulillah, miki olih rejeki.
Bawang Abang : ooh, mana cepet masak!!!. Aku wis
ngelih keh..
Bawang Putih : iya , bawang abang.
(Bawang
Abang lunga)
Bawang Putih : Untung.. aku ora ngeles. Sisik
emas kie luwih, mending tak simpen , aja sampe bawang abang karo ibu ngerti.
Esuke
bawang putih lagi ingkes-ingkes umah... eh bawang abang manjing neng kamare
bawang putih... bawang abang nemukna sisik emas neng ngingsore bantale bawang
putih latane ditudukna maring bawang putih karo ibune...
Bawang Abang : Putiiiiihhh...!! Putiiihhh...!!.
mene cepet.
Bawang Putih : iya , bawang abang. ana apa..??
Bawang Abang : ana apa, ana apa.. pake ora ngerti.
Keh apa, sisik emas oh ya.. kowen olih sing ndi..??
Bawang Putih : aku di mein sahabate aku.
Bawang Abang : alaaahhh goroh. Ko tak tuturna
ibuku keh...
Ibu Tiri : apa sih ribut ribut,
ana apa bawang abang. Putih gawe masalah maning..??
B. Abang : keh bu, (nuduh kena sisik
emas).
Ibu Tiri : Putih!!! Kowen olih
sing ngendi..??
B. Putih : kulo diparingi saking
rencang kulo bu,,
Ibu Tiri : aja goroh kowen.!! Apa
kowen nyolong??
B. Putih : mboten bu, (nuduk)
Ibu Tiri : awas kowen angger goroh.
Ya wis lah..
Gara-gara
sisik iwak emas mau bawang abang dadi pengen ngerti sapa sih sing mein sisik
emas kuwe, esuke bawang putih arep ngumbahi neng kali ujug-ujug sing mburi
dikintili daning bawang abang tapi bawang putih ora ngerti.
B. Putih :
(nyambi ngucek klambi) iwak mas, makasih ya , wingi kowen wis mein aku sisik
emas. Gadine aku bisa belanja akeh go ibu wingi.
Iwak Emas :
iya pada-pada bawang putih.
B. Putih :
aku wis pragat ngumbaine. Aku pn balik disit ya..
Iwak Emas :
iya Bawang Putih
Bawang Abang : (umpetan neng wit) oh berarti sing
mein sisik emas, kue iwak emas sing bisa ngomong.
Sawise
bawang abang krungu omongane bawang putih karo iwak emas, teruse bawang abang
mudun neng kali arep njaluk sisik emase tapi iwake ora nekna, kalah-kalah iwake
dijukut daning bawang abang terus digawa balik neng umah...
*let pirang menit sawise b putih
lunga sing kali*
Bawang Abang : iwak mas! Iwak mas! Metu kowen.
Iwak Emas : Iya Bawang Pu... hah bawang
abang.
Bawang Abang : Iwak emas, aku njaluk sisik emase
oh..
Iwak Emas : moh, aku ora bisa. Kowen wis
jahat karo B. Putih.
Bawang Abang : yen ora mein, ko kowen tak gawa
balik.
Iwak Emas : Moh, Bawang abang.
Bawang Abang : oh ya wis. Kowen tak paksa gawa
balik. (nyekel iwak emas)
Iwak Emas : Tolong.. tolong.. ucul kena
aku..
Pas
neng umah iwak mau digoreng daning bawang abang terus dipangan, teruse erine
dinekna neng bawang putih sekalian njelasna bahwa iwak sing dipangan bawang abang
kuwe iwak emas sing olih ning kali...
Bawang Abang : Putiiiihhh gagian jukutkena
nginung.!!
Bawang Putih :
iya kie bawang abang. (gawa nginung)
Bawang Abang
: Keh putih pan njaluk iwak
goreng..?? emmm enak nemen.
Bawang Putih : (nampani iwak goreng) Makasih bawang abang.
kowen tuku kie neng ngendi..?? (nyambi nyicipi)
Bawang Abang : aku olih njukut neng kali sing
biasa kowen ngumbai.
Bawang Putih : apa kie iwak emas..??
Bawang Abang : iya, enak oh ya. Mangan Iwak sing
bisa ngomong..??
Bawang Putih : kowen ngerti iwak kue sahabate
aku , bisane kowen malah goreng iwak kie.
Bawang Abang : kowen beh melu mangan oh ya..
Bawang Putih : ari aku ngerti kie iwak emas sahabate aku,
bakale ora tak pangan. Kowen jahat temen sih bawang abang. (lunga)
Bawang
putih ngrasa sedih nemen amarga iwak emas mau siji-sijine sahabat sing bisa
ngerteni bawang putih, teruse eri iwak emas mau dikubur daning bawang putih
neng latar umah...
Bawang Putih
: Iwak mas , aku njaluk maaf. aku ora ngerti kue kowen. (ngubur eri iwak)
Neng
salah siji kerajaan, ya kwe kerajaan bumbung, ana raja sing ngimpi istanane
kesamber petir sing nandakna kerajaane arep bubrak... nanging ning ngimpi mau ana
cara supaya nyegah kuwe ya kwe kudu luruh wit sing godonge emas...
*ing kerajaan*
Raja : pangeran... pangeran... pangeran...
Pangeran : dalem pak, pripun pak?
Raja : mene anakku... bapak arep
kanda...
Pangeran : nggih pak... pripun?
Raja : kye loh bapak mbengi ngimpi
kerajaan kye kesamber petir terus kerajaar kye dadi bubrak... tapi ning ngimpi
bapak digongkon luruh wit sing godonge emas supaya kerajaane ora bubrak...
tolong luruh secepete yaa..
Pangeran : inggih pak, mangke ngenjang kulo
kalih rencangku madosi wit emas...
Raja : suwun yaa cah bagus...
Esuke
pangeran kanda maring kancane sing arane ali, terus ngadakna saembara ing
sangarepe warga desa... ya kwe sapa sing nduwe wit emas kwe wite arep dijaluk
daning pangeran... tapi nggo gantine misal nek sing nduwe lanang arep didadikna
sedulure pangeran, tapi nek wadon arep didadikna bojone pangeran.
Ali : loh kowen nangapaa ran...
Pangeran : ehh lii.. aku lagi keder kyeh mbengi
bapak ku ngimpi kerajaane kena petir terus kerajaane dadi bubrak...
Ali : Lah bahaya kwe ran.. pime
ngko dadine?
Pangeran : Lah kuwe aku ya khawatir... tapi bapak
ngendika marang aku supaya luruh wit sing godonge emas secepete... wit emas mau
bisa nyegah supaya kerajaane ora bubrak..
Ali : apa wit emas? Kayong nembe
krungu kwe... laahh terus kwe sih luruhe neng endi? Masa ana?
Pangeran : Ya embuhyah.. mangkane aku ya keder
pan kepime luruhe.. semoga yaa ana.. yuh oh tolongi akuu.. kye aku arep
ngadakna sayembara..
Ali : yaa hayuh..
*ing desa bumbu*
Ali : woro-woro... mene warga
kabeh pada kumpul...
Warga desa : ana apaa..sih ana apa..
Ali : kiye pangeran arep ngadakna
saembara... monggo pangeran..
Pangeran : warga sekabehan mene pada kumpul..
tujuane aku mene pan ngadakna saembara... kiye aku lagi luruh wit emas... yen
ana sing nduwe wit emas pan tak jaluk, imbalane yen wong lanang arep tak dadekna
sedulur lanang, yen wadon arep tak bojo...
Terus ibune
bawang abang ngajukna bahwa anake nduwe wit emas sing digoleti pangeran...
pangeran langsung dijak neng umahe ibune bawang abang...
Ibu tiri : pangeran... anakku bawang abang
nduwe wit e...
Pangeran : nopo wite angsal ngge kulo, bu?
Ibu tiri : ayo kae wite ning umahkuu.. ayo
maring umahku...
Pangeran : nggih bu...
*ning latar umah*
Ibu tiri : ngko nunggu sedelat yaa
pangeran.. tak ngundang anakku disit..
Pangeran : nggih bu.. monggo..
*ning njero umah*
Ibu tiri : heh bawang abang cepet metu kye
ana pangeran pan njaluk wit emas..
Bawang abang :
nggih bu.. nggih.. (metu sing umah)
*ing latar umah*
Pangeran :
apa wit kiye ndekene sampeyan bawang abang?
Bawang abang :
nggih pangeran...
Pangeran :
kye aku pan njaluk wit kye tolong bubutna wite...
Bawang abang :
nggih pangeran..(mbedol wit)
Bawang abang :
Lohh kok niki mboten saged dicabut buu.. (misik ibune)
Ibu tiri :
loh masa ora bisa? Rene coba ibu sing nyabut (misik terus melu nyabut)
Pangeran :
loh kok bawang abang ora bisa nyabut? Sing nandur dudu sampeyan ya? Kudune yen
sampeyan sing nandur mesti bisa nyabut... kok sampeyan malah ora bisa?
Ibu tiri : ngapunten pangeran.. bener sing
nandur kwi bawang abang kok..(mbela)
Wit
emas mukur bisa dicabut daning sing nandur ya kwe bawang putih.. let pirang
menit bawang putih teka marani ning wit emas sing lagi dikrubengi wong...
Bawang putih :
loh kok ana rame-rame ana apa kye... (mlaku merek wit emas)
Wonten nopo niki bu..?
Ibu tiri : kiye pangeran pan
njaluk wit emas...
Pangeran :
loh sampeyan sapa maning?
B putih : kulo bawang putih.. lah sampeyan sinten?
Pangeran :
aku pangeran... arep njaluk wit emas kye.. apa kye sing nduwe sampeyan?
B putih : nggih pangeran.. mene aku bae sing nyabut...(nyabut
wit)
Pangeran :
matursuwun bawang putih.. sesuai karo janjiku.. aku arep nglamar
sampeyan...sekalian mboyong sampeyan maring istanaku...
Bawang Putih :
aku ikhlas wit emas kie nggo sampeyan...
Pangeran :
apa sampeyan juga pan nerima gadi bojone aku.
Bawang Putih :
(mantuk) iya pangeran, aku terima.
Akhire
bawang putih dilamar daning pangeran sesuai karo janjine pangeran pas lagi saembara...sekalian
bawang putih arep diboyong neng istanane pangeran...neng istana bawang putih
urip ayem tentrem soale wis laka bawang abang karo ibu tirine maning... terus
neng kana bawang putih karo pangeran urip bahagia selawase...
-TAMAT-
Buat anda yang ingin mendapatkan penghasilan tambahan, silakan Klik Disini , CARA MENDAPATKAN PENGHASILAN TAMBAHAN
Buat anda yang ingin mendapatkan penghasilan tambahan, silakan Klik Disini , CARA MENDAPATKAN PENGHASILAN TAMBAHAN
Comments
Post a Comment